Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/356

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. wus prapta talatah Demak.
  1. Ing wektu asar kang wanci,

    sawusnya abakda salat,
    akondur marang daleme,
    angasoken sariranya,
    sanget sayah neng marga,
    enjing kewala lumebu,

    sasowan srinaranata.

XXXII.

  1. Angantya ing dina Sorna,

    sowanya lumebeng puri,
    pepakan para pandhita,
    niyaka punggawa mantri,
    putra sentana aji,
    ngatingalken karyanipun,
    kadya Sang Kramadaya,
    dinuta Sri Rama aji,
    mring Alengka anukma garma Dyah Sinta.


  2. Rawuhe ing Pancawatya,
    pepak rewanda geng-alit,
    pranyata duta utama,
    putus prawira tur sekti,
    sembada angsal kardi,
    jeng pangran ing pamrihipun,
    supaya tiniruwa,
    sakeh dutaning narpati,
    angiriba pakarya ingkang utama.

  3. Jeng Pangran Kudus pranyata,
    sembada warnanya pekik,
    limpad angentasi karya,
    putus ing elmu tur wegig,
    dhasar teteh atitih,

354