Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/357

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. akeras ibadahipun,

    wasis ing pamicara,
    dhasar grahitane lungit,

    byar raina pangeran pan arsa seba.
  1. Enjinge ing dina Soma,

    sang nata miyos tinangkil,
    wau aneng pagelaran,
    supenuh wadya kang nangkil,
    upacara merapit,
    pra Wali ing kanan prabu,
    tuwin para ulama,
    pukaha lan para tabid,
    pra pandhita atarab sowan neng ngarsa.


  2. Kyana Patih Wanasalam,
    sumiweng ngarsa narpati,
    andher niyaka bupatya,
    kaliwon panewu mantri,
    prajurit jro merapit,
    tan pantara dhatengipun,
    Jeng Pangran Kudus sigra,
    sumiweng lenggah neng kursi,
    atur sembah sang nata aris ngandika.

  3. Heh yayi para bageya,
    serawuhira sun tuding,
    apa sira antuk karya,
    jeng pangran matur wotsari,
    berkah dalem kapundhi,
    raharjeng ing lampah ulun,
    ngemban sabda narendra,
    kawula dhawuhken aglis,
    mring pun kakang Ki Gedhe Kebokenanga.

  4. Ananging sanget lenggana,
    sumiweng ngarsa nerpati,

355