Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/355

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. tan samar ing sangkan-paran,

    nanging sinamun netrane,
    sakabat pitu tan duga,
    dene lawas neng marga,
    sun wentara gusteningsun,

    angiras karsa lelana,
  1. Pan ngantya sedasa latri,

    ing Demak pan dereng prapta,
    kalangkung remben lampahe,
    semana ing wancinira,
    wektu luhur duk prapta,
    kendel satepining ranu,
    lajeng prasamyaa salat,


  2. Roning pepe kang kinardi,
    lelemek denira salat,
    wus bakda gya donga mangke,
    sakabat amin sedaya,
    sawusnya denya salat,
    jeng pangran ngandika arum,
    kali ngendi aranira.

  3. Sakabat matur ngabekti,
    pukulun dereng uninga,
    lepen punika wastane,
    jeng pangran alon ngandika,
    isun paringi aran,
    ing kali Pepe puniku,
    dene marengi sun lenggah.

  4. Lalemek ron pepe mami,
    sakabat jumurung karsa,
    katelah mangke wastane,
    ing kali Pepe punika,
    tandya laju lampahnya,
    tan cinatur lamenipun,

353