Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/354

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. ing mangke atadhah duka,

    yen wus ulun waluya,
    putranta pun Krebet katur,

    Ni Ageng Tingkir ngandika.
  1. Sun turut karsamu yayi,

    poma ta wawekasingwang,
    den agedhe panrimane,
    den awas godha rencana,
    ing reh kang tan raharja,
    yeku tan pantes tiniru,
    esthinen ingkang sanyata.


  2. Lah wis kariya ta yayi,
    pun kakang mulih mring wisma,
    ing Tingkir sapungkur ingong,
    den bisa amomong putra,
    tuwin kawulawarga,
    sira yayi kang katempuh,
    sasedane lakenira.

  3. Ni Ageng Pengging ngabekti,
    kang raka angrangkul jangga,
    tansah kumembeng waspane,
    wus luwaran kalihira,
    nyi ageng kondur sigra,
    kang tinilar kari mangu,
    ketang sawelinging raka.

  4. Gerahe saya ngranuhi,
    yata genti cinarita,
    Jeng Pangran Kudus lampahe,
    ing Demak pan dereng prapta,
    tansah awirandhungan,
    amesu sariranipun,
    kaetang kang wus pralina.

  5. Jeng Pangran waskitheng gaib,

352