Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/353

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. Ni Ageng Tingkir lingnya rum,
    iya yayi sun tarima.


  1. Ing sih palimannaneki,

    marmane yayi sun prapta,
    atetinjo mring dheweke,
    sasedane lakenira,
    kabubuh sita lara,
    abanget trenyuh tyas isun,
    nyai geng aris turira


  2. Kakang bok sasedaneki,
    arinta dalasan mangkya,
    ulun tan dhahar lan sare,
    kaetang putra panduka,
    pun Karebet punika,
    dene lare misih timur,
    tinilar sudarmanira.

  3. Sinten kang ulun ngengeri,
    tan saged kang bok kantuna,
    leheng tumekenga layon,
    Nyai Geng Tingkir lingira,
    yayi aja mangkana,
    den narima ing tumuwuh,
    ing lohilmakpul sinurat.

  4. Begja lara lawan pati,
    pepesthen pan datan kena,
    temahe salah kepaten,
    kang rayi nuwun aturnya,
    ni ageng malih nebda,
    yayi yen pareng karsamu,
    putranira isun gawa.

  5. Ni Ageng Pengging turnya riss,
    kakang bok sumangga karsa,
    nanging ta panuwun ingong,

351