Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/348

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. layon wus siniraman,

    ngulesan sinare nuli,
    uloning wisma,

    padaleman ing Pengging.


  1. Tan cinatur rerenggane kang wus mukswa,

    gantya winarna malih,
    sagung kulawarga,
    mangrenggut sadhiyeng prang,
    gegaman susun agathik,
    tungguling yuda,
    daludag gandera sri.


  2. Ingkang dadya pangiride kulawarga,
    tetuwane wong Pengging,
    kaprenah sentana,
    Radyan Lembuhandaka,
    lawan Lembusingat katri,
    Lembumakilat,
    kapat sang Lembuthathit,

  3. Sigra mangkat nututi kang lampah cidra,
    ngaler-ngetan lumaris,
    pan sarya karuna,
    nguwuh ambelakena,
    gustine kang sampun lalis,
    datan pantara,
    lampahnya wus kaeksi.

  4. Lamat-lamat wong wolu awirandhungan,
    tandya inguwuh aglis,
    lah ta antenana,
    santri kang laku cidra,
    wasisakna isun iki,
    padha prawira,
    payo tandhing ajurit.

  5. Kembulana ya iki Lembuhandaka,

346