Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/349

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. lan Lembusingat iki,

    tuwin Lembukitat,
    Lembuthathit kapatnya,
    dhangkele wong Pajang Pengging,
    payo mandeka,

    Ngran Kudus miyarsi.


  1. Sinumbaran kinepung dening gegaman,

    ing kanan kering wuri,
    sinurak ing kathah,
    binendrong ing senjata,
    jeng pangran eca lumaris,
    tumengeng wiyat,
    manadhah asta kalih.


  2. Panuwunya semana sampun katrima,
    ing Hyang kang Mahasuci,
    sakabat karuna,
    kedah manglawan yuda,
    Pangran Kudus datan apti,
    padha menenga,
    pasraha ing Hyang Widi.

  3. Begja lara pati pan nora bebakal,
    Jeng Pangran ngasta aglis,
    tekenira jungkat,
    ingaweken mring kanan,
    wong Pengging samya nututi,
    pengrasanira,
    mungsuh ewon kaeksi.

  4. Wadya Pengging sedaya samya gambira,
    tan ana nedya urip,
    ketang tresnanira,
    gustine kang pralena,
    kapang-kapang anututi,
    ing tawang-towang,
    jeng pangran wlas ningali.

347