Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/347

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi


  1. nira Ki Ageng Pengging.


  1. Poma padha aja na nglawan ing yuda,

    den teteg ywa gumingsir,
    eca lumakuwa,
    sabat matur sandika,
    semana sampun lumaris,
    gantya kocapa,
    kang kantun aneng Pengging.


  2. Rubiyahnya Kiyageng nata segah,
    pan wus sumekta sami,
    genya olah-olah,
    arsa atur uninga,
    ing raka lumebeng puri,
    sapraptanira,
    ing jrambah-kobong nuli.

  3. Nganti-anti pangandikane kang raka,
    dangu tan walang sisik,
    tinutup gubahnya,
    Rubiyah grahiteng tyas,
    seksana gubah winingkis,
    tamu tan ana,
    kang raka pan gumuling.

  4. Ni Rubiyah gupuh manambuting raka,
    semana wus ngemasi,
    anjrit tebah jaja,
    karuna ngaruhara,
    geger kulawangsa Pengging,
    estri lan priya,
    alok kalebon sandi.

  5. Wusnya kumpul sakathahe kulawarga,
    pra samya andum kardi,
    nyaeni kang seda,

345