Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/346

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. pan Kiyageng aris nauri,

    sayekti isun bisa,
    aja na sireku,
    nora agegampang iman,
    lamun sira arsa wruh peksi kang adi,

    pasthi wruh sangkan paran.
  1. Pangran Kudus sugal anauri,

    lah ta endi pati-uripira,
    Kiyageng alon wuwuse,
    beleken sikutingsun,
    ing sasekingira pribadi,
    binelek duk semana,
    niba nuli lampus,
    tandya wau uluk salam,
    Jeng Pangeran Kudus alon anauri,
    pan alaikumsalam.


  2. Wusnya seda Ki Ageng ing Pengging,
    garwanira dahat tan uninga,
    pan lagya nata suguhe,
    Pangran Kudus pan sampun,
    mudhun sangkin kobong anuli,
    kintar mring panggenanya,
    sakabat ing dangu,
    wus prapta wisma ni randha,
    sabat pitu kepanggih sadhiyeng westhi,
    tan nedya mundur yuda.

XXX.

  1. Jeng Pangeran ing Kudus alon ngandika,

    mring sabat pitu sami,
    lah payo umintar,
    nanging wewekas ingwang,
    kelamun dipun tututi,

    ing kulawarga,

344