Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/345

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi


  1. Pangran Kudus sugai anauri,

    pan kiraka sira kekandhangan,
    yen tan mantep panggilute,
    Kiyageng lon sumaur,
    pindho gawe sira ki bayi,
    lamun dikecapena,
    pesthi dipun ulu,
    den lepeha siya-siya,
    lawas luwas kawruhe kurang patitis,
    yen sira semamara.


  2. Pangran Kudus angandika malih,
    lah Kiyageng panduka piliha,
    ing jaba lawan jerone,
    ngisor miwah ing luhur,
    pan ing kanan kalawan kering,
    ing pungkur myang ing ngarsa,
    ana ora iku,
    kang sepi luwih ramenya,
    ingkang rame kiraka aluwih sepi,
    Kiyageng Ion angucap,

  3. Yen miliha jero mapan sisip,
    yen miliha ing jaba pan sasar,
    semang-semang pangidhepe,
    yen miliha ing luhur,
    pan kemandhang dipun ulati,
    lamun miliha ngarsa,
    yekti sasar-susur,
    sasare pitung medahab,
    ngisor dhuwur kiwa tengan duwek mami,
    orane duwekingwang.

  4. Pangran Kudus delingira manis,
    heh kiraka ing Pengging panduka,
    bisa mati jro uripe,
    pan ulun arsa weruh,

343