Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/344

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. jeng pangran gya uluk salam,

    kyai ageng ngalekumsalafn nauti,

    amingkis gubahira.


  1. Pangran Kudus wus minggah ing kathil,

    sesalaman wus tata alenggah,
    kalambu tinangkepake,
    Kiyageng lon amuwus,
    lah katuran panduka yayi,
    sarawuh jengandika,
    ing Pengging reningsun,
    Jeng Pangran aris aturnya,
    insakallah kiraka sami basuki,
    Kiyageng malih nebda.


  2. Mring rubiyah kinen asesaji,
    anyugata tetamu kang prapta,
    tandya lumengser mring pawon,
    Kiyageng kang kawuwus,
    alenggahan priyagung kalih,
    Jeng Pangran Kudus nabda,
    kiraka keng dhawuh,
    arinta Jeng Sultan Demak,
    pan panduka ing mangke dipun timbali,
    sarenga lampah amba.

  3. Kyai Ageng ing Pengging nauri,
    tinimbalan pan wonten punapa,
    ing riki tiyang dhedhekah,
    tinimbalan ing ratu,
    pan rumuhun d e l a s a n ,
    manira tan ngawula,
    tan kabawah ratu,
    iya gusti ya kawula,
    kahanane kawula pan sangking Gusti,
    gusti sangking kawula.

342