Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/343

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. sun titip ing sireku,

    rowang ingsun wong pitu iki,
    sun arsa lumebuwa,
    ni randha jumurung,
    wus lajeng lumebeng pura,
    sapraptane paregolan tandya aris,

    mring kang ajaga lawang.


  1. Heh ki sanak Ki Ageng ing Pengging,

    napa wonten pinarak ing wisma,
    kang tinanya lon ature,
    inggih wonten pukulun,
    apan lagya gerah samangkin,
    lami tan dhahar nendra,
    neng kobong pitekur,
    tan arsa siniweng wadya,
    Pangran Kudus semana ngandika malih,
    lah dika amatura.


  2. Làmun wonten dutaning Ywang Widi,
    Jabarail dhawuhken timbalan,
    lah ta umatura age,
    kang liningan agupuh,
    gurawalan lumebang puri,
    weling atur parekan,
    semana wus katur,
    Ki Ageng Pengging gaijit,
    yen mengkono aturana dipun aglis,
    kang ngaku dutaning Ywang.

  3. Konen laju lumebeng jro puri,
    cethi kalih medal sigra-sigra,
    wus prapta paregolane,
    kapanggih Pangran Kudus,
    gya ngaturan laju mring puri,
    wus kerid lampahira,
    malbeng dalam agung,

341