Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/342

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. Wismanira ni bok randha Wujil,

    wusnya lenggah ni randha atanya,
    anak katuran pambage,
    pundi wisma pukulun,
    lawan ingkang sinedyeng kapti,
    pun bibi katambetan,
    jeng pangran lon wuwus,
    santri ing Kudus manira,
    Amad Sapanyana bibi aran mami,
    arsa sowan manira.


  2. Kyai Ageng ing Pengging samangkin,
    apa ana pinarak ing wisma,
    ni randha alon saure,
    inggih wonten pukulun,
    apan lagya sukaweng galih,
    tan dhahar datan nendra,
    neng kobong pitekur,
    masuwur wertining kathah,
    saukure dutane srinarapati,
    pan ngantya sapunika.

  3. Datan pegat manekung semedi,
    kulawarga tan kalilan seba,
    sedaya susah atine,
    jeng pangran ngandika rum,
    mring sakabat pepitu sami,
    kabeh padha kariya,
    sun dhewe lumebu,
    nanging ta wekas manira,
    yen jro pura rame ana tangis,
    poma dipun prayitna.

  4. Sabat pitu sandika tur bekti,
    Pangran Kudus malih angandika,
    mring ni bok randha ing mangke,

340