Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/341

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. sadaya umatur nuwun,
    katelah sapunika,
    banjar panjang dhusun ing Sima ranipun,
    duk semana wancenira,

    pan andukap bangun enjing.


  1. Salat subuh jeng pangeran,

    sabat pitu salat makmuman sami,
    samana wus bakda subuh,
    jam pitu gya umangkat,
    wirandhungan anyamun ing lampahipun,
    nehen gantya winurcita,

    ing Pengging srengkareng galih.

XXIX.

  1. Kyai Ageng ing driya sru kikin,

    ciptaning tyas mangesthi kamukswan,
    tanpa dhahar lawan sare,
    lenggah kobong pitekur,
    amaladi semedi hening,
    aneges karsaning Swang,
    amurweng pandulu,
    jumbuh ing tingal wus pana,
    tanpa karkat lumuyut ing alam kabir,
    suh sirna pancabaya.


  2. Driyanira manrawang awening,
    nugrahaning ing gaib kabuka,
    tan asamar panunggale,
    nehen gantya winuwus,
    Pangran Kudus lampahnya prapti,
    ing Pengging jawi kitha,
    wanci wektu luhur,
    jeng pangran kendel semana,
    wusnya salat laju mring pemahan nuli,
    sawetan pager bata.

339