Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/336

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

10. Ingkang lagya perdandanan,
Kangjeng Pangran ing Kudus wus angrakit,
sahkabatira pepitu,
pra sami nglugas-raga,
cara santri jeng pangran busananipun,
wasiyatira binekta,
bendhe Ki Macan kang nami.

11. Bektanipun ingkang garwa,
saking sang dipati ing Terung nguni,
ginendhong sahkabatipun,
tandya wau lumampah,
ngidul-ngulon ingiring tiyang papitu,
tan cinatur lampahira,
semana pan sampun prapti.

12. Talatah Pengging nagara,
tepis wiring dhusun radi kapering,
pan ana wit mandira gung,
satengah pategilan,
Kangjeng Pangran ing Kudus kendel neng ngriku,
ingadhep sakabatira,
papitu tarap alinggih.

13. Tan antara wonten prapta,
bekel desa Ki Soma kang wewangi,
menengkreng saduwa timpuh,
umatur mring jeng pangran,
heh ki sanak bageya sarawuhipun,
lan ing pundi wismanira,
sinten sinambating wangi.

14. Jeng Pangran Kudus delingnya,
santri Kudus wasta kula kiyai,
Amad Sapanyana wau,
dene panedyaningwang,
marang Pengging ngupaya kadangsun sepuh,

334