Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/337

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

lan paman sapa ranira,
Ki Soma umatur aris.

15. Wasta kawula pan Soma,
yen kepareng anak kula aturi,
kampira mring wismaningsun,
kularsa anyunggata,
sawontene sekadare tiyang dhusun,
toya-toya lan dawegan,
kalamun panduka sudi.

16. Kekaruh tetiyang desa,
tanpa krama sigug tur kawlasasih,
neng riki won tingalipun,
jeng pangran ris ngandika,
sun tarima paman ing pasihananmu,
nanging ta panedhaningwang,
namung rewang ingsun iki.

17. Sedaya sami kasatan,
sinungana dawegan dipun aglis,
Ki Soma gya miniar gupuh,
mring desa angupaya,
pawong batur amenek dawegan sampun,
sawusira pinarasan,
gya wangsul mring tegil malih.

16.Wus katur mring jeng pangeran,
angandika banget tarima marni,
toya dawegan inginum,
jeng pangran langkung nikmat,
pinaringken marang ing sakabatipun,
wus sami nginum sedaya,
Pangran Kudus ngandika ris.

19.Heh paman isun atanya,
marganira kang anjog marang Pengging,

335