Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/334

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

XXVIII.

1. Tan cinatur lampahira,
pan Ki Gedhe ing Wanalapa prapti,
ing Demak telatahipun,
wauta kang kocapa,
nagri Demak semana miyos sang prabu,
pepak kang para niyaka,
miwah ingkang para Wali,

2. Sang prabu lenggah dhedhampar,
alelemek babut baludru sari,
banyak-dhalang aneng pungkur,
miwah ardawalika,
kekacu mas sawunggaling aneng pungkur,
pra pandhita munggeng kanan,
para Wali munggeng ngarsi.

3. Ingkang aneng ngarsa pisan,
Jeng Pangeran ing Kudus kang wewangi,
sang nata ngandika arum,
heh sanak-sanak ingwang,
kaya paran lakune carakaningsun,
Ki Gedhe ing Wanalapa,
ingsun duta maring Pengging,

4. Pangeran Kudus tur sembah,
ulun dugi pun kakang angsal kardi,
tan antara nulya rawuh,
Ki Gedhe Wanalapa,
dumerojog ing ngarsanira sang prabu,
sigra wau atur sembah,
dhumateng srinarapati.

5. Sang nata alon ngandika,
lah bageya ki raka sira prapti,
Ke Gedhe ature nuwun,

332