Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/333

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ratu kalipahing Hyang,
yekti budi luwih luhur,
wekas-wekasing utama,

8. Kawula boten amilih,
sadayane mapan arsa,
yen miliha awak ingong,
sawiji pan siya-siya,
adhi atur kawula,
mugi katura sang prabu,
kawula den darbe karsa.

9. Ki Wanalapa nauri,
puniku atur panduka,
tan ana wewekasane,
sekuthu atur panduka,
dhateng srinaranata,
tanpa gawe lampah isun,
den utus nateng ing Demak.

10. Panduka tan darbe milih,
bantahipun srinarendra,
lah kadi pundi dadose
nedha kira kantuna,
anulya sesalaman,
Ki Ageng Pengging lingnya rum,
adhi waweling manira.

11. Matura ing sribupati,
kawula tan darbe karsa,
borong punapa sang katong,
sadayane kula arsa,
sirik yen amiliha,
tanpa wekasing tumuwuh,
yen milih tuwin ngungkurna.

331