Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/332

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sih palikrama panduka.

3. Ki Gedhe Pengging ngling-arisyayi ingutus punapa,
panduka maring sang katong,
Ki Wanalapa turira,
kinen matedhakena,
bantahipun sang aprabu,
jawaben dipun pratela.

4. Iya sira pilih endi,
ana luwih sangking ana,
kang suwung liwat suwunge,
lawan aturu sapisan,
melek salawasira,
lawan turu saben dalu,
lawan melek saben dina.

5. Mangan sepisan maregi,
sajege denya tumitah,
lawan mangan saben sore,
pangelihe saben dina,
payo sira piliha,
timbalane sang aprabu,
yen sira pilih kang ana.

6. Lan amangan saben ari,
alapen negara Demak,
mupung ta masih sang katong,
Ki Ageng Pengging turira,
punapa sang nata,
salah karya ing tumuwuh,
ing ngriki wonten punapa.

7. Kaget kawula tan sipi,
timbalane srinarendra,
ngangge karya walangatos,
kyai panyana kawula,

330