Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/331

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

salah siji ing jaba lan jeronira.

19. Ki Wanalapa turira,
sandika karsaning aji,
kawula darmi lumampah,
ngemban timbalan nerpati,
ngandika sribupati,
lah nuli mangkata gupuh,
mundur Ki Wanalapa,
sing ngabyantara narpati,
sigra mangkat cara santri lampahira.

20. Datan kawarna ing marga,
tigang dina prapteng Pengging,
pan lajeng atur uninga,
yen wonten tetamu prapti,
marang Ki Ageng Pengging,
utusane sang prabu,
Jeng Sultan ing Bintara,
Kiyageng alon nauri,
aturana jujug sanggar palanggatan.

XXVII.


1. Tandya ingaturan nuli,
Ki Ageng ing Wanalapa,
wus manjing langgar lampahe,
kepanggih Kiyageng sigra,
dan sira uluk salam,
sinauran salamipun,
pra samya atata lenggah.

2. Semana Kiyageng kalih,
pra samya anjawab tangan,
Ki Ageng Pengging ature,
panduka sami katuran,
yayi sarawuhira,
Ki Gedhe ature nuwun,

329