Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/330

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. anuwun langkung prayogi,
    angsala sawab panduka,
    mugi kalisa ing sakit,
    kawula inggih darmi,
    panduka ingkang sesunu,
    mugi pinanjangena,
    yuswane kang jabang bayi,
    mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang.

  1. Cinarita tigang dina,
    Ki Ageng Tingkir neng Pengging,
    kuneng ganti winurcita,
    ing Demak srinarapati,
    tandya wau nimbali,
    mring ulama agung-agung,
    tuwin rekyana patya,
    miwah sakeh para wajir,
    lan Pangeran Kudus kang munggeng ing ngarsa.

  2. Lan Ki Ageng Wanapala,
    sigra denira nimbali,
    wus munggeng ngarsa narendra,
    ngandika srinarapati,
    heh sagung para wajir,
    myang ulama agung-agung,
    padha angawruhana,
    ing mengko ki raka Pengging,
    mapan nedya madayeng keratoningwang.

  3. Heh ta kakang Wanalapa,
    sira ingkang ingsun tuding,
    andhawuhna bantahingwang,
    sira dadi wakil marni,
    marang ki raka Pengging,
    rong prakara bantah isun,
    heh kakang tuduhana,
    endi ingkang dipun pilih,

328