Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/329

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. sadina mituturi,
    semana pan sampun dalu,
    samya salat ing langgar,
    sampune asalat nuli,
    ingkang raka kelangkung sinuba-suba.

  1. Ing dalu ari ringgitan,
    sira Ki Ageng ing Pengging,
    anyugata mring kang raka,
    pan ringgit beber sawengi,
    semana ambarengi,
    garwanira wawrat sepuh,
    lair ingkang wawratan,
    ing sasi Jumadilakir,
    tanggalipun ping wolu nuju tahun Dal.

  2. Sareng mangsane kalima,

    ing dinane Rebo legi, ing wayah bangun raina, miyos jalu warna pekik, mapan Ki Ageng Tingkir, medalken bing-embingipun, Kyageng Kebokenanga, langkung sukanireng galih,

    wong nenonton wayang beber kagegeran.</poem>
  3. Ana kekuwung geng prapta,
    tetiga anyerot kali,
    garimis bareng sakala,
    ngandika Ki Ageng Tingkir,
    yayi putranireki,
    ingsun paringi jejuluk,
    Mas Karebet namanya,
    dene teka amarengi,
    ing laire wayang beber ingsun tanggap.

  4. Kang ir.yi alon turira,

327