Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/328

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mendah wong dadya nerpati,
emut dhateng sanak kang lambung kasimpar.

8. Ki Ageng Tingkir lingira,
paran yayi karsaneki,
Ki Ageng Pengging turira,
pan inggih wonten punapi,
nadyan nimbali malih,
ameksa wong boten purun,
kang raka sru ngandika,
iya yayi wong aurip,
yen amopo tinimbalan ing narendra.

9. Mapan iya wong duraka,
wasisan ngadegna baris,
aja tanggung ing pratingkah,
aja sira mungal-mungil,
manawa ana jail,
temah katail pakewuh,
wong jawal ambebegal,
yen kena den paekani,
ingkang amrih pakandele wong ngawula.

10. Kang rayi gumujeng suka,
kakang tuwan pindho kardi,
andika merangi tatal,
bilai lara lan pati,
sinten ingkang darbeni,
pan kagunganing Hyang Agung,
derenge wonten badan,
papesthen ginawe dhingin,
awon pened ing lukilmakpul tulisnya.

11. Kang raka aris lingira,
iya yayi apa malih,
yen wis pesthi tekadira,
pun kakang teka ngamini,

326