Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/327

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

4. Kang rayi alon turira,
Allah kang adarbe bumi,
kadar anedya punapa,
wong dhedhukuh den timbali,
angling Ki Ageng Tingkir,
aja wangkot areningsun,
aja tampani lomba,
lan aja gegampang pikir,
pakewuhe yayi para ulatana.

5. Yayi mungguh kaya sira,
kalenthing pan wadhah masin,
ambune pan durung ilang,
sira wayahing nerpati,
narendra Majapahit,
pan tilase durung alum,
apa dene ramanta,
prakoswa prawira sakti,
pramilane pinet mantu Brawijaya.

6. Lah yayi pagene sira,
teka ambuwang naluri,
tinimbalan ing sang nata,
menawa silih udani,
yen pamanira yekti,
arining ibu satuhu,
manawa palimarma,
sarehning dadya nerpati,
duwe sanak ana desa ing adesa.

7. Becik sira lumakuwa,
isun yayi atut wuri,
mangsa tegaa mring sira,
pakewuhe sun calangi,
kang rayi matur aris,
kadya boten sapuniku,
kakang bara-tan bara,

325