Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/326

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ing Demak katur ature,
Ki Ageng Kebokenanga,
langkung ngungun sang nata,
kagagas raosing kalbu,
rumangsa budi nonoman.

XXVI.



1. Wus mundur caraka Demak,
sing ngabyantara nerpati,
yata ingkang winursita,
nenggih Ki Ageng ing Tingkir,
sampun miyarsa warti,
yen kang rayi Pengging nengguh,
tinimbalan mring Demak,
Ki Ageng Tingkir mring Pengging,
sampun panggih lawan Ki Gedhe Kenanga.

2. Wus tata sami alenggah,
ngandika Ki Ageng Tingkir,
yayi para tinimbalan,
mring kangjeng Sultan ngawati,
apa wadine yayi,
pagene nora lumaku,
ingkang rayi turira,
punapa damele ugi,
wong dhedhukuh tinimbalan ing narendra.

3. Heh yayi kaya punapa,
tinimbalan datan prapti,
marang ing negara Demak,
paran ta dadine yayi,
apa ta sira yayi,
nora kabawah ing ratu,
lemah kang sira ambah,
saisine Tanah Jawi,
pan sadaya duweke kang dadi nata.

324