Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/325

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sampuning adhahar tutug,
Kiyageng lon delingnya.

19. Kawula dipun timbali,
marang kanjeng srinarendra,
ing mangke nuwun dukane,
kawula boya lumampah,
gandhek alon delingnya,
punapata sababipun,
Kiyageng alon delingnya.

20. Tan wonten sababe malih,
matura mring srinarendra,
yen mengkono aturing ngong,
gandhek alón aturira,
heh Kiyageng panduka,
punapa mantep pukulun,
ing karsa ingkang mangkana.

21. Kiyageng alón nauri,
kaya bocah ta ki duta,
nora weruh ing semune,
gandhek alon aturira,
datan sedyamamriha,
ing karsa sampun jumurung,
yen estu mantep ing tekad.

22. Caraka pamit tumuli,
arsa mantuk marang Demak,
Kiyageng alon delingnya,
lah ta sira umatura,
ing kangjeng srinarendra,
yen mengkono aturingsun,
gandhek mundur sangking ngarsa.

23. Datan kawarna ing margi,
lampahe duta wus prapta,

323