Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/324

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

14. Datan kawarna ing margi,
wus prapta Pengging lampahe,
caraka tur uning age,
mring pawong lurah parekan,
yogya dipun aturna,
Ki Ageng Pengging den gupuh,
ulun dutaning narendra.

15. Parekan gya matur aris,
mring Ki Ageng tur uninga,
awiyos gusti nah angger,
panduka pan katamuwan,
caraka sangking Demak,
kiyageng ngandika arum,
tamoningsun aturana.

16. Parekan gya mintar aglis,
wus panggih punang caraka,
panduka ngaturana ge,
lumebet ing madyasana,
caraka gya umangkat,
kepanggih kiyageng sampun,
aneng panti madyasana.

17. Duta dhawuhaken aglis,
kiyageng sabda nata,
panduka ngandikan age,
ing ari mring nagri Demak,
sarengan lampah kula,
Kiyageng alon umatur,
sandika duta linggiha.

18. Caraka kalih gya linggih,
wus sami anjawab tangan,
sugata mucang amiyos,
lan dhaharan saabenya,
dyan sami ta dhahar,

322