Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/323

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Ki Ageng Pengging karyane,
awrat seba ing panduka,
ing watawis kawula,
pan lami ubanggenipun,
tinimbalan datan seba.

10. Pangeran Kudus wotsari,
menggah ta atur kawula,
pukulun ing priyogane,
panduka utusana,
dhateng Pengging pun kakang,
katingal won panedipun,
menggah ta atur kawula.

11. Ki Wanalapa turnya ris,
aleres putra panduka,
Pangeran Kudus ature,
prayogiya utusan,
nimbali ing rakanta,
angandika sang aprabu,
heh patih sira dutaa.

12. Mantri loro kang abecik,
kang wicaksana weweka,
wruh lelungiding pasemon,
kang bisa anamur lampah,
patih matur sandika,
wus kondur wau sang prabu,
ki patih anata duta.

13. Gya nuding mantri kekalih,
kang wicaksana weweka,
limpad pasang-grahitane,
wruh lukita ing sanyata,
tuhu punjul samanya,
wus mangkat dutasang prabu,
wong roro alelancaran.

321