Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/322

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi
  1. gawe rentenging praja,
    mila sang nata kalangkung,
    denya mrih seba mring Demak.

  1. Panjenenganira aji,
    Jeng Sultan Demak sapisan,
    denya mrih sebaa mangke,
    Ki Ageng Pengging ambangkang,
    tan purun asebaa,
    malah dumugi ing lampus,
    angantepi tekadira.

  2. Panjenengan sribupati,
    tulus keraton minulya,
    tan ana kara-karane,
    wong cilik enak atinya,
    tulus barang taneman,
    cinarita sang aprabu,
    lagya miyos siniwaka.

  3. Pinarak bangsal pengrawit,
    nimbali rekyana patya,
    miwah para alim kabeh,
    Ki Ageng ing Wanalapa,
    kang munggeng ngarsa nata,
    miwah Pangeran ing Kudus,
    lan Ki Ageng Sidikiman.

  4. Ngandika srinarapati,
    mring Patih Kartanagara,
    heh patih apa wartane,
    Ki bayi ing Pengging mangkya,
    patih matur wotsekar,
    ing warta sampun misuwur,
    Kiyageng agung santrinya.

  5. Pamireng kawula gusti,
    menggah raka srinarendra,

320