Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/321

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mring kamuksan ing alam suci,
Iah wis Kebokenanga,
nora cidra besuk,
apan wus janjining suksma,
Kiyai Geng kagyat tetela miyarsi,
wungu andanaswara.

XXV.


1. Wauta Kyai Geng Pengging,
kagagas-gagas ing tyasnya,
enget ing swara ujare,
ngungun pepunguning driya,
tapakur denya lenggah,
kendel ing cipta sinamu,
dahat sukuring Hyang Suksma,

2. Sapraptaning bangun enjing,
Kiyai geng nulya salat,
subuh saparipurnane,
kyai geng anulya lenggah,
neng sanggar pamelengan,
kang tansah ketang ing kalbu,
nenggih ujaring kang swara.

3. Nahanta lamenireki,
kiyai geng garwanira,
kacatur sampun ambobot,
kuneng ing Pengging semana,
gantya kang kacarita,
nagari ing Bintareku,
semana tulus rahaija.

4. Mangsuli carita malih,
kala Jeng Sultan ing Demak,
nimbali Ki Ageng mangke,
ing Pengging kang madayeng tyas,

319