Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/319

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kalamun ing dalu,
datan kauban wangunan,
akekadhar hanggung manekung semadi,
ening aneges karsa.

24. Ingkang mangka sungkawaning galih,
denya datan adarbe atmaja,
ingkang apanjang yuswane,
sakawan putranipun,
wonten jalu wonten pawestri,
nanging sami pralina,
maksih sami timur,
mila Kyai geng kalintang,
amaledi kapengin darbeya siwi,
kakung panjang yuswanya.

25. Kang apekik ingkang sarwa wasis,
lan kang yogya dadya paugeran,
ing kulawangsa sakehe,
ingkang pantes ing besuk,
anutukna lelakoneki,
denya kapati brata,
semana anuju,
wengine dina Jumungah,
jeng kyai geng duk ing wanci pukul katri,
kalangkung aripira.

26. Ngantuk lagya erem-erem pitik,
munggeng nataring kang pamelengan,
tan adangu antarane,
nulya na nguwuh-uwuh,
saking aib swara dumeling,
heh heh Kebokenanga,
mengko pan tinurut,
panedhanira mring suksma,
sira bakal andawe atmaja urip,
priya ngumure dawa.

317