Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/318

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

marar dadosa pepundhen,
kawajiban prajagung,
kang memantes abusanani,
busananing asrama,
kasamaptani pun,
minangka jimating praja,
amartani saananing bumi-bumi,
sadaya kasamadan,

21. Ki Seh Malangsumirang nauri,
heh ta anak ngong matuj" sandika,
tyas ingsun lintang sukane,
ngriki wonten wana gung,
Kalampisan papan awerit,
sepi tebih manungsa,
ingsun aneng riku,
cukup gubug rerompokan,
datan ayun manira nganggo kang apik,
mung sakadar kewala.

22. Jeng Susunan Darajad miyarsi,
dahat karenan miwah sang nata,
tuwin para Wali kabeh,
apepuji sadarum,
wus mangkana bubaran sami,
maring dununganira,
sowang-sowang sampun,
lamine datan winarna,
Ki Seh Malangsumirang sampun amergil,
neng wana Kalampisan.

23. Data-tita ing Demak nagari,
gantya malih ingkang kawuwusa,
Jeng Kyai Geng Pengging mangke,
sedheng neng puranipun,
nanging lagya sanget wiyadi,
atajin dhahar nendra,

316