Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/317

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

putus nyata-sunyata.

17. Nanging paman andika ing mangkin,
rumeksaa suhuning agama,
angagema sesakide,
kukudaning kang dudu,
sakadare sarengat Nabi,
rasul nayakaning rat,
ing rat supayanut,
anut ing agama sarak,
kareksane sarasane dalil kadis,
ijmak kalawan kiyas.

18. Ing praniti aniti nagari,
uger-ugering agama Islam,
jumeneng pan sarengate,
yekti kalawan kukum,
kikmah ingkang amanca warni,
saniskareng pakaryan,
awon saenipun,
kang leres lawan kang lepat,
ala hayu gumelaring dalil kadis,
kukumah myang wilayah.

19. Milanipun jeng paman ing mangkin,
amanguna kahenenganing tyas,
sampun ta kasalah tampen,
paman dipun amuhung,
meheng tebih sangking nagari,
sampun ngantos akarya,
keron wowor-sambu,
angendhoni bebundhelan,
ngarangaken pager ngalikabken baris,
dhoyongaken bandera.

20. Pundi paman kang dipun karsani,
padhepokan kang pantes kanggenan,

315