Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/316

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

pamuketaning rahsa,
sarahsaning elmu,
maklum ing alam panikar,
panukartaning karti arta-artati,
kerut ing karahatan.

14. Nahanta reh wuryaning arempit,
sipta-ripta rikang pepingitan,
pamengeting sang manginte,
ing nalar tan sunulur,
nalirah ing elmu sakalir,
sun punggel tan sun gelar,
gelaring raras rum,
mung isun amburu kandha,
wusnya telas pamacane ponang tulis,
suluk Malangsumirang.

15. Samya eram sagung kang miyarsi,
amung ingkang sami ngalembana,
nayu-hayu ing wuwuse,
asuwe yen winuwus,
wus mangkana risang pinundhi,
Jeng Susunan darajad,
asung sipta sampun,
mring Sunan Kudus seksana,
Sunan Kudus dhawuhken parentali aglis,
mring Seh Malangsumirang.

16. Dhuh jeng paman andika tampani,
parentahe Kangjeng Panembahan,
menggah jeng paman ing mangke,
pan sampun tuhu-tuhu,
tuhu lamun datanpa siring,
ing rat datan paingan,
sainganing tuwuh,
tumuwuh alebda jiwa,
jiwangga trus neratas tatas patitis,

314