Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/313

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

baju sangking sawarga luwih,
gandanira angambar,
kongas marbuk arum,
yen ing dunya ora ana,
ganda kadi bajune Nabi Ibrahim,
piturun sangking swarga.

4. Kuneng ingkang kawuwusa malih,
Ki Seh Malangsumirang semana,
sampurna ing panulise,
pangrumpakaning suluk,
semburatan elmu kang yekti,
penggalanging sarira,
semune anuju,
rarase sinemu prana,
pranitine ing titi amilangeni,
langene dhadhanggula.

5. Wus mangkana Ki Seh nulya mijil,
sangking ing pancaka pan basmaran,
den iring dening sonane,
angampil suratipun,
miwah kalam kalawan mangsi,
Ki Seh Malangsumirang,
wangsul mring genipun,
lenggahan neng pasamowan,
punang sona lenggah sarwi ngampil-ampil,
seratan mangsi kalam.

6. Yata wau sagung para Wali,
miwah Kangjeng Sultan ing Bintara,
tuwin para mupti kabeh,
pra pandhita gung-agung,
pra satriya para dipati,
sagung mantri punggawa,
ing saananipun,
sami dahat kagawokan,

311