Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/314

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

jetung ngungun lenger-lenger tan kena ngling,
gedheg goyang kepala.

7. Ngalembana sami puji-puji,
santi-santi mring Malangsumirang,
wadya kang andulu kabeh,
jejel sukup supenuh,
sum engeren samya lok hi hi,
he he he he lah nyata,
nyata-nyata tuhu,
tuhu-tuhu ngejawantah,
katuwone wanine amiwahani,
wahananing sunyata.

8. Yata Ki Seh sesalaman aglis,
lawan Kangjeng Susunan Darajad,
myang pra Wali pangarsane,
tuwin sang nata sampun,
para Wali pandhita mupti,
sadaya sesalaman,
kumoyok ing pungkur,
sawontening pasamowan,
sami mamrih sapangating sang sinakti,
Ki seh Malangsumirang.

9. Nulya wau Ki Seh atur tulis,
kang tinulis aneng jro dahana,
penggalanging sarirane,
tinapan ing sang prabu,
mangka tilas ing wuri-wuri,
tersandha kang ginagat,
gita dadya suluk,
suluk Malangsumirang,
wastanipun mangka pancadaning elmi,
rasa kang mengku rasa.

10.Nulya kinen amaca kang tulis,

312