Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/312

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kang aneng sajroning geni,
eca denira nenurat,
den adhep sonanira lit,
dahana liwat luwih,
mubal urubira dangu,
teka ayem kewala,
aub yayah mandakini,
kang andulu yayah sinamberan dhandhang.

XXIV


1. Malangsumirang esthanireki,
pindha-pindha duk ing jaman kuna,
caritaning tanah Gedhe,
ing Babil nagara gung,
duk ingobong Jengira Nabi,
Ibrahim kalillulah,
dene Sang aprabu,
Namrut Sri Bathara Jabar,
pangobonge ngangge pabusalen inggil,
urube ingububan.

2. Wusnya dadi urube kang agni,
Kangjeng Nabi sininggot saksana,
denira anyemplungake,
ing pawirungan agung,
Kangjeng Nabi rinekseng Widdi,
sariranya tan pasah,
ing dahana murub,
punang pawirungan dadya,
maligendah ngangge rarenggan mawarni,
kinubeng patamanan.

3. Tetaneman asri warni-warni,
lan sinungan amparan mutyara,
Jeng Nabi palenggahane,
lawan sinung piturun,

310