Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/311

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

denya ngudi ing pamrih,
manguswa tuduhing guru,
supayane luntura,
elmune ingkang sayekti,
rahsaning kang ginedhongan kinuncenan.

27. Kang sotya embanan sotya,
manik embanane manik,
kang sampurna babar pisan,
kang patitis tutul-petis,
nora mindhogaweni,
pamungkas wekasing tuwuh,
den seseg pandheseknya,
mring guru satengah mati,
lamun nora mengkono mangsa antuka.

28. Pamejange guronira,
ing elmune kang sajati,
yen kurang panangisira,
dhestun sira mung den wehi,
ing elmu ruba-ricik,
yeku elmu ukur-ukur,
ukur urip kewala,
dudu elmu kang permati,
yen kang bodho pangrasane elmu nyata.

29. Pan mangkana salokanya,
ana jugul sangking wukir,
marang wismaning kemasan,
arsa tuku kencana di,
mring kemasan den wehi,
lancung kuning kang sinamun,
prandene suka bungah,
sijugul denya nampani,
lancung kuning inganggep kencana mulya.

30. Yata Seh Malangsumirang,

309