Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/310

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

rahsa pamungkase ilmi,
ing kamuksan wruh wekasing ana ora.

23. Tan samar ing sangkan-paran,
bisa mati jroning urip,
urip sajroning pralina,
wuryaning tan kenging pati,
pilih ingkang udani,
ing ujar ingkang puniku,
anaa lagi nora,
pan angel wong ulah elmi,
liwat ewuh liwat rungsit liwat gawat.

24. Bebaya kabina-bina,
katreceta bilaeni,
pae lan kang wus waskitha,
ing lair tumekeng batin,
waler-sangker sayekti,
kang sampun weruh ing ngriku,
sampurna kene-kana,
bisa moring ganal-alit,
sampun minggah ing jaman kasalametan.

25. Dhasar ngelmune wus nyata,
anulya dipun rangkepi,
mateng kasutapanira,
kono yekti tanpa tandhing,
sayekti datan kenging,
pinidak wayanganipun,
tebih ing pancabaya,
kacagak bekaning urip,
sirnaning kang memala bilai dunya.

26. Lamun ilmu tanpa tapa,
cemplang-cemplang kurang ragi,
mamanipun ing agesang,
wajib ageguru sami,

308