Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/307

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Malangsumirang wus prapti,
milya lenggah anggene wali sosoran.

12. Sonane alit binekta,
ngadhep ing ngayunireki,
Malangsumirang cahyanya,
sumaringah ayem nenggih,
ing solah tan katawis,
lamun wong arsa den ukum,
ing reh sairib lawan,
nguni Pangran Sitiabrit,
ri sedhenge arsa kinisas in pedhang.

13. Teteg teka yem kewala,
malah sukane angenting,
yata wau Jeng Susunan,
Darajad parentah aglis,
mring Sunan Kudus nuli,
kinen andhawuhna gupuh,
tibane kang tatrapan,
ing kukumulah kang pasthi,
marang Ki Seh Malangsumirang kisasnya.

14. Datan kena suminggaha,
Jeng Sunan Kudus nulya glis,
dhawuhaken maring kang paman,
paman andika tampeni,
dhawuhe san pinundhi,
mupakat marang sang prabu,
myang sagung waliyulah,
pra kukama Tanah Jawi,
pra dipati punggawa para satriya.

15. Andika kenging tatrapan,
ing kukumulah sayekti,
sangking parentahing sarak,
trus trang ing dalil kadis,

305