Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/308

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ijmak kiyas kang pasthi,
tan kenging miser sarambut,
sadaya namung darma,
sangking andika pribadi,
Ki Seh Malangsumirang matur sandika.

16. Sarya mangkana delingnya,
lah anaking Kudus mangkin,
pancaka gya den suleda,
mengko yen geni wus dadi,
manira nulimanjing,
maring pancakà tumurun,
lan maninge manira,
minta kertas lawan mangsi,
ingsun karya nenulis wasiyatingwang.

17. Manawa prapta ing lina,
Jeng Sunan Kudus nulya glis,
angsung mangsi lawan kertas,
kalih koras watawis,
sarya dhawuh mring patih,
Wanasalam kinen gupuh,
anyuled kang pancaka,
sandika rekyana patih,
gya sinuled pancaka dahana muba.

18.Lenga duk kekayu pasah,
kumantar kantar ngajrihi,
latu mulad mring akasa,
anggereng swaraning akasa,
anggereng swaraning agni,
kang ningali munduring,
Seh Malangsumirang gupuh,
pamit sarya sung salam,
saksana minggah tumuli,
mring pancaka salering wringin sengkeran.

306