Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/306

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

8. Malangsumirang miyarsi,
kalangkung sukanireki,
sengkut tanpa walangdriya,
mangkana rekyana patih,
Wanasalam akardi,
pancaka panggenanipun,
badhe pangobongira,
kuneng semana wus dadi,
sampun pepak sapirantining pancaka.

9. Praptane ing dina Soma,
wus pepak ing para wali,
tuwin kang para pandhita,
miwah ta srinarapati,
miyos sangking jro puri,
siniwakeng alun-alun,
kiduling wringin kembar,
tinaruban sadayeki,
srinarendra alenggah ingsingasana.

10. Jajar lawan Jeng Susunan,
Darajad ingkang pinusthi,
niyang sagung wali pangarsa,
ajajar lan sribupati,
wali sosoran sami,
mugeng kanan kering ngayun,
banjeng para pandhita,
kukama ngulama mupti,
para jamhur anunggil sabangsanira.

11. Kyana Patih Wanasalam,
lawan kang para dipati,
punggawa para satriya,
aglar ing ngarsa nerpati,
ingkang prameya mantri,
tanpa linggaran supenuh,
alun-alun balabar,

304