Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/305

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

laminya wus tigang warsa,
denyanggung angrerusuhi,
Ki Seh dadya wus manjing,
ngumur telungpuluh taun,
mangkana nagri Demak,
pakumpulan para Wali,
para mukti sulaka para pandhita.

5. Angrembug ing kukumulah,
mupakat samya methuki,
lamun Seh Malangsumirang,
kena kukuming negari,
kinisas ing agami,
katrapan nerak sesiku,
laranganing sarengat,
angaku badan rokani,
kabanjure angaken kahananing hyang.

6. Mila tan kenging suminggah,
ing kukume den pateni,
sarehne wus datan kena,
ingeman den pituturi,
rinirih den rerinding,
marang kaponakanipun,
Sunan Kudus punika,
prenah kaponakaneki,
langkung trisna kang paman sring tinangisan,

7. Nanging Seh Malangsumirang,
meksa kongas mingis-mingis,
tanpa tetebeng ing tingkah,
angedheng pangakeneki,
kuneng ing rembug dadi,
yata dhinawuhan sampun,
Ki Seh Malangsumirang,
yen badhe kaukum pati,
pan ingobong aneng alun-alun Demak.

303