Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/304

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

alelungan saparanineki,
kang sona kakinthil,
sang anom ing ngayun.

XXIII



1. Yata Sang Malangsumirang,
lelampah ngider mideri,
saidering pirang praja,
anjajah manca-nagari,
tan ana kang kinapti,
mung kewala andon laku,
lakuning suleksana,
sesananing jalma luwih,
leksanane mangka keliring buwana.

2. Sring andulu wong kang samya,
bar Jumungah aneng masjid,
nanging tan ayun sembahyang,
sonane tumut mring masjid,
temah angerusuhi,
kinon asalat tan ayun,
pinaksa kinuwatan,
Ki Seh datan anauri,
rinuntikan gumujeng ayem kewala.

3. Mangkana gumyahing warta,
pirang-pirang praja sami,
lamun Seh Malangsumirang,
tetela genya ngrusuhi,
ing lakuning agami,
memulang saraking rasul,
nadyan mring nagri Demak,
Ki Seh wus tanpa pakering,
winedeken malah ngangseg mingkin sura.

4. Tan angangge wacak driya,
wus ilang ingkang wawedi,

302