Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/303

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

31. Wusnya antuk ing sadasa warsi,
nulya saling lagon,
tarek makjun rabani wastane,
ing tegese laku ngedan nenggih,
edan kang ngedani,
ing pangeranipun.

32. Linglang-linglung lenglenging panglingling,
cengeng sapatemon,
kandhem kerem sangking sru nikmate,
jiwa raga wus datan katolih,
kendel aneng panti,
lalu lengur-lengur.

33. Sampun mengo sagunging pakarti,
tan ana linakon,
lan sumingkir sangking agamane,
tata sarak parentahin'g Nabi,
dutaning Hyang Widi,
datan ana ketung.

34. Tilar salat Ki Seh datan apti,
ngabektiyeng Manon,
cegah pakoning dalil hadise,
kabeh-kabeh tan ana tinolih,
amemurang titi,
amegat kekunjung.

35. Remen angingu srenggala alit,
ginulang cecubon,
wus anjilma tutut kena rineh,
pan sumurup sabasaning jalmi,
bisa anampani,
kalamun tinuduh.

36. Yayah rare panakawaneki,
lumaku sapakon,
tuwin lamun nuju Kiyai Seh,

301