Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/302

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

26. Ki Seh Malangsumirang winarni,
apan meksih anom,
lagya tridasa umure, x)
duk sedhenge kaberaganeki,
kendel sarwa bangkit,
asekti kalangkung.

27. Wus pinunjul ing sesamineki,
ing papak amoncol,
datan kena pinethit kesite,
ladak datan wonten kang kinering,
wanter wutah ati,
atine anuntung.

28. Tedhas ing elmu sangkaning alit,
denira maguron,
mring Susunan ing Giri Parapen,
duk winejang ing ilmu sajati,
wayah umur lagi,
pituwelas taun.

29. Wusnya telas sarahsaning ilmi,
anulya linakon,
manjing raga amangun tapane,
anderpati manjing wana werti,
jurang-jurang sungil,
pringganing aterjung.

30. Guwa-guwa rago den leboni,
lemba-lemba lorog,
pucak-pucaking wukir pinenek,
lana subrata pucaking wukir,
tepining jaladri,
teluk tanjung-tanjung.

x)kirang 2 wanda.

300