Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/301

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

panengeraneki,
lir tuhu wong dhusun.

21. Tengranipun taksih angenggeni,
ing Pengging kadhaton,
ingkang rama nguni pusakane,
rakit pura karaton ing Pengging,
yata duk miyarsi,
sang nata angungun.

22. Sakin wewah rerenggining galih,
sumelanging batos,
manawa tan pasaja ing tembe,
kawistareng wewangsulaneki,
mung ngecani krami,
ing jro simpen semu.

23. mungkedhike tembung jroning tulis,
tembung andhap asor,
manis arum ing uparenggane,
ela-ela karya ngresing galih,
dadya sribupati,
kacangkol ing kalbu.

24. Duta sampun mundur sangking puri,
kuneng ta sang katong,
gantya ingkang kawuwusa ing reh,
padhekahan ing Ngudung paminggir,
wonten jalma luwih,
bentur tapanipun.

25. Sinung wahyu dinulur sakapti,
denira Hyang Manon,
Ki Seh Malangsumirang wastane,
pan kaprenah nak-sanakireki,
lan kang swargi nguni,
Jeng Susunan Ngudung.

299