Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/300

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

pra sentana ing Pajang Pengginge,
ageng-alit lelagone sami,
tan cara priyayi,
amung lagu dhusun.

16. Angilangken kasatriyaneki,
tan ayun katongton,
singlar sangking wibawa kamukten,
boten ayun reh kang mawi singgih,
tan ayun siniwi,
acara wong agung.

17. Kiyai Geng aremen semedi,
puja tan tumawong,
nging tan ayun kawingkis lampahe,
amandhita remen mangun teki,
asring anenepi,
ing papan kang samun.

18. Liring rame remen mring agama,
sarengat kinaot,
sawadyane anemen salate,
bar Jumungah rame siyang latri,
sasentananeki,
tanggap sami sengkud.

19. Masjidipun ageng langkung asri,
amugul katonton,
mentas genya ayasa labete,
taksih enggal dereng patos lami,
Kyai Geng ing Pengging,
mantep ahli ngelmu.

20. Lamun sampun genipun ngabekti,
gya mring sabin gupoh,
tetegilan aremen tetanen,
yen sampuna taksih wonten kedhik,

298