Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/299

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sampun ing driya salah de, x)
map an sampun darbene nerpati,
palimarmeng cili,
sabar tur amengku.

11. Sampun telas saungeling tulis,
anulya sang katong,
andangu mring duta wewekase,
ingkang raka Ki Ageng ing Pengging,
duta mawotsari,
makaten pukulun.

12. Wewelingnya raka panduka ji,
matura sang katong,
ingsun iki maksih susah gedhe,
durung suda nuli wuwuh malih,
yayah gering kapit,
tininggal ing guru.

13. Mung punika gusti kang weweling,
ling malih sang katong,
kaya paran ing kana rakite,
aneng wisma si kakang ing Pengging,
rame apa sepi,
duta nembah matur.

14. Rakitipun rakanta ing Pengging,
asimpen wewados,
ing pratingkah asepi arame,
liring sepi dene datan apti,
acara bupati,
myang cara wong agung.

15. Mung pasajan cara santri pekir,
sawontene kang wong,

x)kirang 2 wanda.

297