Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/298

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

5. Kang mengku rat karaton ing Jawi,
siniweng pra katong,
ingkang putus wignya sujanangreh,
animpuneng jaya wijayadi,
gunawan ing budi,
mamot sabar maklum.

6. Ri sampuning makaten sang aji,
ing mangke kawiyos,
kula sampun tampi peparinge,
serat ingkang dhawuh animbali,
mring pun kakang Pengging,
ngandikan lumebu.

7. Maring Demak ing ngarsa nerpati,
perlu kang ginatos,
ayun rerembagan sabarang reh,
menggah ingkang punika sang aji,
insak-allah ugi,
ing samangsanipun.

8. Bilih pinarengaken ing Widi,
lejaring wirangrong,
tyas kang datan kantenan raose,
sinung luwar memala malatsih,
kula nunten ugi,
sowan ing sang prabu.

9. Dene ing mangke kula pan taksih,
kuwur ing tyas keron,
karaketan ing raga wirage,
sapunika kawula sang aji,
mung tetadhah runtik,
nuwun maklum prabu.

10.Mugi sampun kirang pangaksami,
sang nata den amot,

296